Skip to main content

Posts

Showing posts from October, 2018

Taman Kembang Sore, Geguritan

 Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, awit saking sedaya barokahipun pramila anggen kula angupadi cara kados pundi supados saget memetri basa Jawi tetep lestari. Inggih punika kedah wonten sarana murih gampilipun mangertosi kawruh basa Jawi. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Alumni SMPN Sanden 1974 ingkang dipun sesepuhi dening Mas Ir. Subiyanto Hadi, M.M. ingkang sampun paring wekdal kagem pepanggihan reuni ngantos dados geguritan punika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Sastra Jawa Bantul Paramarta ingkang dipun sesepuhi dening Bapak Bambang Nugroho, S.H. ingkang sampun paring inspirasi ngantos dados geguritan punika. Buku ingkang sampun kahimpun pinaringan irah-irahan "GEGURITAN TAMAN KEMBANG SORE.” Ingkang isinipun babagan endahing alam padesan, pesisir, pinggir kali, sawah, reuni, endahing wengi, kangen, endahing Jakarta, Stasiun Gambir, Stasiun Tugu Jogja, Kaliurang, lan taksih wo