Skip to main content

Taman Kembang Sore, Geguritan



 Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, awit saking sedaya barokahipun pramila anggen kula angupadi cara kados pundi supados saget memetri basa Jawi tetep lestari. Inggih punika kedah wonten sarana murih gampilipun mangertosi kawruh basa Jawi.

Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Alumni SMPN Sanden 1974 ingkang dipun sesepuhi dening Mas Ir. Subiyanto Hadi, M.M. ingkang sampun paring wekdal kagem pepanggihan reuni ngantos dados geguritan punika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Sastra Jawa Bantul Paramarta ingkang dipun sesepuhi dening Bapak Bambang Nugroho, S.H. ingkang sampun paring inspirasi ngantos dados geguritan punika.

Buku ingkang sampun kahimpun pinaringan irah-irahan "GEGURITAN TAMAN KEMBANG SORE.” Ingkang isinipun babagan endahing alam padesan, pesisir, pinggir kali, sawah, reuni, endahing wengi, kangen, endahing Jakarta, Stasiun Gambir, Stasiun Tugu Jogja, Kaliurang, lan taksih wonten crita babagan endahing sesawangan pegunungan.

Klawan buku punika kanthi pangajab mugi-mugi saget ambiyantu dhumateng para kadang ingkang badhe sinau, ngudi kawruh marsudi lan memetri menggah lestarinipun basa Jawi. Kagem sedaya sutresna ingkang wicaksana mugi-mugi sageda paring sumbangsih tuwin pamanggih amrih saged sampurnanipun buku menika. Salajengipun mugi-mugi buku punika wonten ginanipun tumrap para kadang kula punapa dene para sutresna umumipun.

Sedaya kekirangan lan kalepatan mugi kepareng nyuwun agunging samodra pangaksami. Nuwun.

Bantul, 5 September 2018

Pangripta

SRI WIJAYATI, S.Pd.