Skip to main content

Angin Semilir saka Pesisir Kidul, Antologi Geguritan



 Assalamu’alaikum warohmatullahiwabarokatuh.

Langkung rumiyin kaaturaken puji klawan sokur konjuk dhu-mateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Murbeng Gesang, awit sih nugrahanipun dhumateng kula panjenengan sami. Mliginipun dhumateng para kadang warga Paguyuban Pengarang/Sastrawan Jawa Kabupaten Bantul ‘Paramarta’, ingkang sampun saged sesarengan damel buku Antologi Geguritan kanthi irah-irahan “Angin Semilir saka Pesisir Kidul”.

Buku punika dipun damel pinangka pratandha gumregahipun para kadang pengarang/ sastrawan sastra Jawa ing Kabupaten Bantul, ingkang wiwit taun 2017 sami nyambung silaturahmi nyupeketaken kekadangan lumantar pitepangan wonten satung-galing forum sarasehan ingkang dipun fasilitasi (sengkuyung) dening Dinas Kebudyaan Kabupaten Bantul lajeng kaimpun wonten satunggaling Paguyuban Sastrawan Jawa Bantul ‘Paramarta’. 

Kanthi lumantar paguyuban kasebat ing pangajab para sastrawan/pengarang Jawa Kabupaten Bantul saged tansah nggadhahi greget, gumregut saha gumregah malih anggenipun sami nyerat sastra Jawa. Awit lumantar sastra Jawa mliginipun geguritan pinang-ka salah satunggaling perangan saking budaya Jawa ingkang adiluhung, saged dipun agem kangge nanemaken budi pekerti luhur lumantar basa karipta dados pitutur edi sinamudana tumraping warga masarakat Jawa.

Buku antologi (kempalan) geguritan punika dipun serat dening sabageyan saking para kadang ‘Paramarta’, kenging punapa seba-geyan. Awit dereng sedaya para kadang maringkaken seratanipun, amargi mapinten-pinten kegiyatanipun ingkang njalari mboten ‘kober’ nyerat.

Lumantar antologi geguritan “Angin Semilir saka Pesisir Kidul” punika, kaajab dados satunggaling prasasti gumregahipun para kadang pengarang/sastrawan Jawa Bantul sarta mboten namung kandheg dumugi punika kemawon. Saengga ing samangke, karya-karyanipun saged tansah ngrenggani jagad sastra Jawa wonten ing sadengah papan punapa dene medhia.

Salajengipun dipun aturaken agenging panuwun dhumateng Bapak Bupati Bantul, Kepala Dinas Kebudyaaan Kabupaten Bantul, Pengelola Rumah Budaya Tembi, ugi para kadang sanes-ipun ingkang sampun kersa paring pambiyantu panjurung pa-nyengkuyung saengga buku antologi geguritan punika saged kaba-bar mugia migunani dhateng sesami.

Semanten wonten kekiranganipun nyuwun gunging samodera pangaksami. 

Nuwun

Wassalamu’alaikum warohmatulaahiwabarokatuh.


Ketua


Bambang Nugroho