Skip to main content

Posts

Showing posts from June, 2019

Taman Kembang Asri, Geguritan

 Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh. Langkung rumiyin ngaturaken puji klawan syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Murbeng Gesang, awit sih nugraha-nipun dhumateng kula lan panjenengan sami. Kula angupadi cara kados pundi supados saged memetri Basa Jawa tetep lestari. Inggih punika kedah wonten sarana murih gampilipun mangertosi kawruh Basa Jawa. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Alumni SMPN Sanden 1974 ingkang dipun sesepuhi dening Mas Ir. Subiyanto Hadi, MM. ingkang sampun paring wekdal kagem pepanggihan reuni ngantos dados geguritan punika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Paguyuban Sastra Jawa Bantul Paramarta ingkang dipun sesepuhi dening Bapak Bambang Nugroho, S.H. ingkang sampun paring inspirasi ngantos dados geguritan punika. Buku ingkang sampun kahimpun pinaringan irah-irahan ‘’Geguritan Taman Kembang Asri” ingkang isinipun babagan Endahe alam padesan, Manuk Kedhasih, Pesisir Guwa Cemara, Rembulan Purnama, Reuni, Ling