Skip to main content

Taman Kembang Asri, Geguritan



 Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Langkung rumiyin ngaturaken puji klawan syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Murbeng Gesang, awit sih nugraha-nipun dhumateng kula lan panjenengan sami. Kula angupadi cara kados pundi supados saged memetri Basa Jawa tetep lestari. Inggih punika kedah wonten sarana murih gampilipun mangertosi kawruh Basa Jawa.

Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Alumni SMPN Sanden 1974 ingkang dipun sesepuhi dening Mas Ir. Subiyanto Hadi, MM. ingkang sampun paring wekdal kagem pepanggihan reuni ngantos dados geguritan punika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Paguyuban Sastra Jawa Bantul Paramarta ingkang dipun sesepuhi dening Bapak Bambang Nugroho, S.H. ingkang sampun paring inspirasi ngantos dados geguritan punika.

Buku ingkang sampun kahimpun pinaringan irah-irahan ‘’Geguritan Taman Kembang Asri” ingkang isinipun babagan Endahe alam padesan, Manuk Kedhasih, Pesisir Guwa Cemara, Rembulan Purnama, Reuni, Lingsir wengi, Jumedhule candhikala, Kangen, Endahe Pesisir Depok, Endahe cahyane lintang kae, Endahe Pesisir Pangandaran, Taman Glugut, Kembang-kembang tresna, Nggoleki Rembulan, Nalikane kembang anggrek wis mekar, Bendung Kamijoro, Arum kembang kanthil, Eseme Pak Tani, Welinge lan pituture Guru, Lintang Atiku, Katon eseme Guru, Pesisir Parangtritis lan tasih wonten crita babagan endahe sesawangan ing pesisir,sawah lan pegunungan.

Klawan buku punika kanthi pangajab mugi-mugi saged ambiyantu dhumateng para kadang ingkang badhe sinau, ngudi kawruh marsudi lan memetri menggah lestarinipun basa Jawa. Geguritan pinangka salah satunggalipun perangan saking budaya Jawa ingkang adiluhung, saged dipun agem kangge nanemaken budi pekerti luhur lumantar basa karipta dados pitutur edi tumraping warga masyarakat Jawa. Kagem sedaya sutresna ingkang wicaksana mugi-mugi sageda paring sumbangsih tuwin pamanggih amrih saged sampurnanipun buku punika. Salajengipun mugi-mugi buku punika wonten ginanipun tumrap para kadang kula menapa dene para sutresna umumipun.

Semanten, sedaya kekirangan lan kalepatan mugi kepareng nyuwun agunging samodra pangaksami. 

Nuwun.

Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.


Bantul, 4 April 2019

Pangripta


SRI WIJAYATI, S.Pd.