Skip to main content

Kembang-kembang Katresnan, Geguritan



 Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Langkung rumiyin ngaturaken puji klawan sokur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Murbeng Gesang, awit sih nugraha-nipun dhumateng kula lan panjenengan sami. Kula angupadi cara kados pundi supados saged memetri Basa Jawa tetep lestari. Inggih menika kedah wonten sarana murih gampilipun mangertosi kawruh Basa Jawa. 

Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Alumni SMPN Sanden 1974 ingkang dipun sesepuhi dening Mas Ir. Subiyanto Hadi, MM. ingkang sampun paring wekdal kagem pepanggihan reuni ngantos dados geguritan menika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Paguyuban Sastra Jawa Bantul Paramarta ingkang dipun sesepuhi dening Bapak Bambang Nugroho, S.H. ingkang sampun paring inspirasi ngantos dados geguritan punika.

Buku ingkang sampun kahimpun pinaringan irah-irahan ‘’Kembang-Kembang Katresnan” ingkang isinipun babagan Asmara, Endahe alam padesan, Nalikane kembang melathi wis mekar, Kembang anggrekku wis mekar, Pesisir Guwa Cemara, Nalika Rembulan Purnama, Reuni alumni, Pesisir Parangtritis, Kangen, Endahe esemmu, Endahe Pesisir Depok, Upama bisa ngranggeh lintang kae, Endahe Kali Opak, Bantul gumregah sangsaya endah, Bendung Kamijoro, Kangen Sliramu, Kampung Flory, Angin sumilir ing pegunungan, Endahe Taman Banyu Kencana, Utamane dadi Guru, Pleret ing wayah sore, Taman Glugut, Candhi-candhi, Kangen nyawang esemmu, Wis katon candhikala, Crita endahe wengi, Endahe Ketep Pass wayah sore, Pesisir Pengklik, Pariwisata Jogja, Bantul ngangeni, Jogja pancen ngangeni, Angin sumilir sore iki, Manuk Oh Manuk, lan tasih wonten crita babagan endahe sesawangan ing pesisir, sawah lan pegunungan.

Klawan buku punika kanthi pangajab mugi-mugi saget ambiyantu dhumateng para kadang ingkang badhe sinau, ngudi kawruh marsudi lan memetri menggah lestarinipun basa Jawa. Geguritan pinangka salah satunggalipun perangan saking budaya Jawa ingkang adiluhung, saged dipun agem kangge nanemaken budi pekerti luhur lumantar basa karipta dados pitutur edi tumraping warga masyarakat Jawa. Kagem sedaya sutresna ingkang wicaksana mugi-mugi sageda paring sumbangsih tuwin pamanggih amrih saged sampurnanipun buku punika. Salajengipun mugi-mugi buku punika wonten ginanipun tumrap para kadang kula punapa dene para sutresna umumipun.

Semanten, sedaya kekirangan lan kalepatan mugi kepareng nyuwun agunging samodra pangaksami. 

Nuwun.

Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.


Bantul, 29 Juni 2019

Pangripta


SRI WIJAYATI, S.Pd.