Skip to main content

Posts

Showing posts from November, 2020

Kembang Setaman (Geguritan)

  Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh. Langkung rumiyin ngaturaken puji klawan syukur kunjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Murbeng Gesang, awit sih nugraha-nipun dhumateng kula lan panjenengan sami. Kula angupadi cara kados pundi supados saged memetri Basa Jawa tetep lestari. Inggih menika kedah wonten sarana murih gampilipun mangertosi kawruh Basa Jawa.  Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Alumni SMPN Sanden 1974 ingkang dipun sesepuhi dening Mas Ir. Subiyanto Hadi, MM., ingkang sampun paring wekdal kagem pepanggihan reuni ngantos dados geguritan menika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Paguyuban Sastra Jawa Bantul Paramarta ingkang dipun sesepuhi dening Bapak Bambang Nugroho, S.H. ingkang sampun paring inspirasi ngantos dados geguritan menika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng Minggon Basa Jawa Djaka Lodang. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng Minggon Basa Jawa Jaya Baya. Ingkang sampun kersa nampi geguritan kula ugi crita Jaga