Skip to main content

Kembang Setaman (Geguritan)

 



Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Langkung rumiyin ngaturaken puji klawan syukur kunjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Murbeng Gesang, awit sih nugraha-nipun dhumateng kula lan panjenengan sami. Kula angupadi cara kados pundi supados saged memetri Basa Jawa tetep lestari. Inggih menika kedah wonten sarana murih gampilipun mangertosi kawruh Basa Jawa. 

Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Alumni SMPN Sanden 1974 ingkang dipun sesepuhi dening Mas Ir. Subiyanto Hadi, MM., ingkang sampun paring wekdal kagem pepanggihan reuni ngantos dados geguritan menika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang Paguyuban Sastra Jawa Bantul Paramarta ingkang dipun sesepuhi dening Bapak Bambang Nugroho, S.H. ingkang sampun paring inspirasi ngantos dados geguritan menika. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng Minggon Basa Jawa Djaka Lodang. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng Minggon Basa Jawa Jaya Baya. Ingkang sampun kersa nampi geguritan kula ugi crita Jagading Lelembut/Crita misteri lan saget kapacak kanthi ngremenaken. 

Buku ingkang sampun kahimpun pinaringan irah-irahan “Kembang Setaman” ingkang isinipun babagan Asmara, Kangen Nyawang Esemmu, Kangen Sliramu, Lintang-lintang Wengi, Lintang-Lintang Kae, Lintange Mesem, Padhang Rembulan, Rasa Kangen, Rembulan Purnama, Rasa Kangenku. Babagan kaendahan alam, Kangen Swara Jumlegure Ombak, Kembang-Kembang ing Penglipuran, Kembang Langit ing Wayah Awan, Nalikane Kembang Melathi wus Mekrok, Nyawang Ombak ing Pantai Baru, Plesir-plesir ing Candhi Gedhongsanga, Sore kang Endah Ing Taman Celosia, Sumilire Angin ing Pinggir Kali Progo. Endahe Sesawangan ing Pesisir Pandhawa. Babagan Budaya, Kepranan Marang Geguritan, Lomba Nyanyi KORPRI Bantul, Memetri Basa Jawa, R. A. Kartini Pahlawan Sejati, Busana Jawa Gagrag Yogyakarta, Aja nganti Ilang Jawane, Rasa Tepaselira. Babagan rubeda, Udan Tangis, Wus Dadi Lelakon. Ati iki Isih Kudu Sabar. Ayo Waspada Anane Corona.

Wonten malih geguritan ingkang saged narik kawigatosan ingkang sampun nate kapacak wonten Minggon Basa Jawa Djaka Lodang, lan Minggon Basa Jawa Jaya Baya. 

Klawan buku menika kanthi pangajab mugi-mugi saget ambiyantu dhumateng para kadang ingkang badhe sinau, ngudi kawruh marsudi lan memetri menggah lestarinipun basa Jawa. Geguritan pinangka salah satunggalipun perangan saking budaya Jawa ingkang adiluhung, saged dipun agem kangge nanemaken budi pekerti luhur lumantar basa karipta dados pitutur edi tumraping warga masyarakat Jawa. Kagem sadaya sutresna ingkang wicaksana mugi-mugi sageda paring sumbangsih tuwin pamanggih amrih saged sampurnanipun buku menika. Salajengipun mugi-mugi buku menika wonten ginanipun tumrap para kadang kula menapa dene para sutresna umumipun.

Samanten, sadaya kakirangan lan kalepatan mugi kepareng nyuwun agunging samodra pangaksami. 

Nuwun.

Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.


Bantul, 10 November 2020

Pangripta


SRI WIJAYATI, S.Pd.